Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

SYI'IR TANPO WATHON by: KH. ABDURAHMANWAHID(GUS DUR)


Ngawiti Ingsun,nglaras syi'iran
Kelawan muji marang Pengeran...
Kang paring Rohmat lan Kenikmatan
Rini wengine tanpo pitungan...

Duh...! bolo konco,prio wanito
Ojo mung ngaji syareat bloko...
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembeh mburine bakal sangsoro...

Akeh kang apal,Qur'an hadits'e
Seneng ngafirke marang liyane...
Kafire dewe gak di gateke
Yen isih kotor ati-akale...

Gampang kabujuk,nafsu angkoro
Ing pepaese sebyare ndunyo..
Iri lan meri sugihe tonggo,
Mulo atine peteng lan nisto...

Ayo sedulur,jok nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane...
Nggo ngendalake Iman Tauhite
Baguse sangu Mulyo matine...

Kang aran Soleh,bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune...
laku Thoreqot lan Ma'rifate
Ugo haqeqot manjing rasane...

Alqur'an Qodim,wahyu Minulyo
Tanpo ditulis iso diwoco...
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepakeing njero dodo...

Kumantil Ati,lan pikirane
Mrasuk ing badan kabeh jeroan...
Mukjizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjnge Iman...

Kelawan ALLAH<kang moho="" suci="">
Kudu rangkulan rino lan wengi...
Ditirakati,diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali...

Uripe ayem,rumongso Aman
Dununge roso tondo yen Iman...
Sabar nerimo najan Pas-pasan
Kabeh Tinakdir saking Pengeran...

Kelawan konco,dulur lan tonggo
Kang podo Rukun ojo gae sio...
Iku sunahe Rosul kang Mulyo
Nabi MUHAMMAD panutan kito...

Ayo nglakoni,sekabehane
ALLOH kang bakal,ngangkat Drajate...
senajan Asor toto Dhohire
Ananging Mulyo maqom Drajate...

Lamun Palastro ing pungkasane
Ora kesasar Roh lan Sukmane...
Den gadang ALLAH Suago manggone
Utuh mayite ugo ulese...


Posted by Penerbit imtiyaz,http://imtiyaz-publisher.blogspot.com/ Penerbit Buku Buku Islam

Post a Comment for "SYI'IR TANPO WATHON by: KH. ABDURAHMANWAHID(GUS DUR)"